Malin Kondang

Tokoh :
1. Malin
2. Simbok
3. Garwa Malin
4. Presenter
5. Mbakyune Malin
6. Pak Kades
7. Morosepuhe Malin

Malin Kondang

Ing sawijining desa ing tanah jawa,yaiku desa Gamong. Urip sawijining randa lan anake loro ( Nilam lan Malin ). Uripe sarwa kekurangan kanggo mangan wae angel.

Simbok : “ Malin,Malin! ”(bengok-bengok)
Malin : “ Dalem, wonten punapa mbok?”
Simbok : “ Lho kowe kok males-malesan wae ta le. Dheloken kae si Upin dadi juragan pete,bojone wae 5 dhokare 11! ”
Nilam : “ Rungokna Lin, bener kandane simbok. Kowe kudu nyambut gawe, banting tulang, banting kursi, banting guling ”
Malin : “ Walah Yu-Mbak yu. Ning omah kok malah di paido. Wis tak minggat wae ” ( Metu teko omah lan nesu )

Malin menyang kutha, luru panggawean sing apik supaya ora di dukani simbok lan mbakyune. Bareng wis tekan kutha, Malin muter-muter luru gaweanbanjur ketemu karo juragan tahu.

Malin : “ Nuwun Pak, kula badhe ndherek nyambut damel wonten ing mriki menawi kepareng? ”
Juragan : ( Amarga mesakke karo rahine sing melas ) “ Yo wis ayo melu ning omahku “

Ning omahe Juragan Tahu

Juragan Tahu : “ Kowe kerja nyetak tahu yo! “
Malin : “ Inggih Pak ! “

Sawijining dina, pas Malin kerja dheweke ketemu anake Juragan Tahu (Astari). Malin anyul lan nyedhaki

Astari : “ Eh kacung lapo kowe mrene, ora penting. Emange aku manuk mbok siuli “ ( Karo manyun )
Malin : “ Weleh-weleh, cah ayu kok nesu. Mengko nek nesu yo ayune ilang. “
Astari : “ He’e no, aku ayu ( Kemayu ) walah paling kowe ngrayu. Wong lanang kuwi pancen ngono. Akumora iso diapusi.”
Malin : “ Lho….. aku ora ngrayu., aku kuwi jujur ora ngapusi. Suwer samber banyu wis.”
Astari : “ Ana no kesamber banyu ? Yowes tak gebyur kene.” (Astari njupuk banyu sak ember)
Malin : “ Eh….ojo tah !” (Astari karo Malin gudhak – gudhakan)
Byuuuurrrr…. (suara banyune gebyur Malin)
Astari : “ Rasakno kowe, mulane ora usah muni suwer !”






Sawijining dina.

Astari : (ngalamun) “ Malin iku wonge elek, sok ngrayu, gemes aku. Tapi aku kok kangen yo karo Malin ? Ah…ora. Mesti aku ngawur iki, mosok aku kangen karo Malin? Ora mungkin.”

Ora sengaja Malin lewat ning ngarepe Astari karo cengar – cengir.

Malin : “Ehm…ehm, cah ayu kok nglamun. Nglamunke aku yo?”
Astari : “Eh, maafe wae yo aku nglamunke kowe. Emange aku kurang kerjaan kayak owe?” (nanging ing njero atine Astari, dheweke muni pancen nglamunke Malin)
Malin : ” Alah…..ora usah gengsi tho ! ngaku wae !”
Astari : (mulai sebel lan njupuk buku ning sandinge kanggo digubukno Malin) “ Iiiihhh….. Malin….aku sebel karo kowe.”
Malin : (tangane siap nangkis buku) “ Wis tho cah ayu, lara kabeh iki lho !”
Astari : (mandhek gebuku Malin) “ Sak benere aku…..”
Malin : (penasaran) “ Sakbenere kowe lapo? Ayo diteruske nek ngomong !”
Astari : “Aku……………………………..” (Astari isih ora wani ngomong nek dheweke seneng Malin)
Malin : “Kawit mou muni aku – aku terus, ora ngomong – ngomong.
Oooooo ……. Aku ngerti. Kowe seneng karo aku ra?”
Astari : (karo isin – isin lan jawab cepet) “He’e.”
Malin : “Mulane tah ora usah isin – isin ! Aku yo podho wae seneng karo kowe. Piye nek tak lamar? Gelem tah ora?”
Astari : “Nanging kowe kudu kondo kareo Bapakku !”
Malin : “Mesthi iku !”

Sawijining wengi, Malin lunga ning omahe Astari niat nglamar Astari.

Malin : “Assalamu’alaikum.”
Juragan : “Wa’alaikum salam. Kowe tho Malin, ana apa kok sajake wigati banget? Klambine anyar barang.”
Malin : “Mekaten Pak. Kula kula wonten mriki punika nggadahi maksud badhe nglamar Astari.”
Juragan : “Lho niat nglamar kok kowe dhewekan. Kenapa kowe ora ngejak wong tuanem?”
Malin : “Kula sampun mboten gadhah tiyang sepuh lan keluarga Pak.”
Juragan : “Lha terus Astarine ndi?”

Astari langsung metu pas krungu bapake ngundang dheweke.

Astari : “Wonten punapa Pak?” (sajake ethok – ethok ora ngerti sing dikarepake)
Juragan : “Iki lho Malin ameh nglamar kowe. Kowe gelem tah ora?”
Astari : (karo isin – isin) “Kula remen sanget kaliyan Mas Malin Pak.”
Juragan : “Yow is tak restui kowe Malin karo anakku”
Malin : “Matur suwun nggih Pak.” (karo sungkem Bapakke Astari)

Ora let suwe Malin muleh neng kos – kosane.

Sakbare lamarane Malin ditampa, Malin karo Astari kawin. Sakwuse 6 sasi teka kawinan Astari ngamuk. Amarga penghasilan Malin sithik

Astari : “ Piye ta Mas, urip kok mlarat. Kowe iku iso luru duit opo ora? “
Malin : “ Yo-iyo aku tak luru kerja “

Sakbanjure diseneni bojone, Malin lungo luru kerja sing hasile akeh. Dumadakan pas ning dalan dheweke entuk selebaran iklan dadi penyanyi.

Malin : “ Aku melu wae, mbok menawa iso dadi penyanyi “ ( Nyanyi )

Sakwuse entuk selebaran dheweke daftar lan ketampa dadi peserta

Presenter : “ Para pamiyarsa sekalian kita sambut peserta ingkang kita tengga-tengga, Malin Kundang”

Malin munggah panggung lan nyanyi.

Presenter: “ Miturut polling SMS, lan keputusan juri pemenang kontes puniki inggih menika Malin Kundang “

Sakwuse dadi pemenang ning ajang kuwi, dheweke moncer karo jeneng Malin Kondang. Ning pangginan liyane, Simbok entuk warta saka Pak Kades yen Malin siki wis kondang dadi penyanyi.

Pak Kades : “ Mbok putra panjenengan sakniki daos penyanyi terkenal ”
Simbok : “ Ndak nggih no Pak “ ( Kaget )
Pak Kades : “ Yen panjenegan mboten percaya monggo kula aturaken ing kutha ”
Simbok : “ Ayo nduk, melu simbok ning kutha ketemu Malin ”
Nilam : “ Inggih Mbok “

Banjur tekan kutha, Simbok, Nilam, lan Pak Kades menyang omahe malin.

Simbok : “ Pak Kades, iki kok ora tekan – tekan omahe Malin tho?”
Pak Kades : “ Niki badhe tekan, kirang sekedap.”

Banjur tekan omahe Malin.

Simbok : “ Assalamu’alaikum” (karo ngetuk – ngetuk lawang)
Malin : “ Wa’alaikum salam. Sinten nggih? “
Simbok : “ Aku simbokmu Malin ”
Nilam : “ Astagfirullahal adzim Lin, iku simbokmu lan aku mbakyumu ”
Pak Kades : “ Moso’ kowe lali karo simbok lan mbakyumu”
Malin : “ Wong kere ngaku-ngaku dadi mbokku, nek ora yo ora! “
Astari : “ Coba ta Mas, dieling-eling maneh. Iku Simbok lan mbakyumu opo ora ”
Malin : “ Ora yo Dik “
Simbok : “ Yo wis nek kowe ora ngakoni simbokmu. Durhaka kowe Lin. Tak kutuk, tak santet, tak mutilasi, tak. Alah, tak kutuk wae lah. Rungokno Malin, dadio kowe watu sing atos kaya ndasmu ”
Malin : “ Mengko dhisik mbok, aku tak gaya dhisik “ (Malin pose)
Akhire Malin dadi watu amarga durhaka karo simbok
Simbok : “ Mulakno aja durhaka marang wong tua “

0 komentar:

Posting Komentar